LUKIS KARIKATUR MOE

Minggu, 28 November 2010

Jagading Lelembut


Ronggeng Puspaka Manik
Atiku tansah seneng, kaya-kaya kabegjan tiba ning awakku. Durung genep sesasi anggonku lulus kuliah Pendidikan Seni Rupa Universitas Negeri Yogyakarta, aku wis oleh pakaryan dadi guru seni rupa ning salah sijine sekolah SMA swasta ning kutha Ngayogyakarta. Pancen bayare ora sepiraa, nanging aku tansah muji syukur marang Gusti, bisa nyambut gawe cepet tinimbang kesuwen nganggur ning omah.
Pakaryaan iki dudu aku sing milih, nanging pakaryan iki sing milih aku. Kelingan rong minggu kapungkur, Pak Kus Gading teka ning omahku. Pak Kus pancen wis kenal suwe karo kluwargaku, mligine karo bapak sing dadi kanca kawit SPG tekan saiki wis padha-padha dadi guru, bedane bapak dadi guru SD lan Pak Kus neruske maneh S1 banjur dadi guru SMA tekan saiki. Pak Kus tindhak omahku arep prelu karo aku, dene pak Kus mireng kabar saka bapak yen aku wis lulus kuliah jurusan pendidikan seni rupa. Piyambake nawani aku dadi guru seni rupa ning SMA anggone Pak Kus mulang. “ Mas Harsuna, kersa boten yen mulang seni rupa wonten SMA kula? “ pitakone pak Kus marang aku. “ Nuwun sewu pak saderengipun, kula menika taksih bodho, dereng gadhah pengalaman mengajar ingkang kathah, menapa boten salah pilihanipun?” wangsulanku balik takon. “ Ora usah kwatir Mas, kula kinten Mas Harsuna wis pantes dadi guru“ wangsulane Pak Kus ngayem-ngayemke atiku. Piyambake ngendika yen aku saguh, sisuk didhawuhi tindak kantor kepreluan ngadhep Pak Kepala Sekolah, dene seminggu maneh wis bisa mulai mulang. Ora suwe anggonku mikir nampa pakaryan kuwi, pancen wis dadi gegayuhanku sawise rampung kuliah bisa langsung kerja. Aku uga nuli mangsuli saguh nampa pakaryan sing wis suwe dak karepake .
Setu isuk, aku lunga menyang SMA swasta panggonane Pak Kus mulang. Aku lunga mrana arep nemoni Pak Kepala Sekolah sing kepengin weruh kapinteranku anggone mulang seni rupa. Isuk kuwi, aku nunggu Pak Kepala Sekolah ning ngisor wit ketepeng cedak kantor. Ing ngisor wit ketepeng mau wis dicepakake kursi taman, kang madhep langsung karo pendhopo. Pak Kepala Sekolah pancen tindak rada telat amarga nembe kondur saka Semarang. Kabar iku dak ngerteni saka satpam sekolah kang jaga ning ngarep gerbang, dene Pak Kus sing dhawuh marang aku supaya teko isuk iki lagi mulang ning kelas. Pikiranku ngrambyang tekan endi endi, ana rasa kawatir ing jero atiku merga arep ngadhep Pak Kepala Sekolah sing umure luwih sepuh tinimbang aku, tamtu wae pengalamane luwih akeh timbang aku sing mung cah wingi sore.
“ Mas, nenggani sinten nggih? “ Swara wong wandon kang mbuyarke pikiranku. Aku noleh goleki dununging swara mau, jebul ning cedhakku wis ngadheg wong wadon kang lagi ngulatke raiku. Wong wadon kuwi katon ayu, rambute dawa ngandhan-andhan, kulite kuning nemu giring, dene kira-kira umure durung nganti selawe taun amarga isih kinyis-kinyis kaya kenya. “ Mas, panjenengan nenggani sinten ? “ Wong wadon kuwi baleni pitakone sing durung kober tak jawab. “ Oh...nuwun sewu, Mbak!, kula nenggani Pak Kepala Sekolah “ wangsulanku gragapan amarga kawit mau aku ora mangsuli pitakone, malah mikir sing ora-ora bab wong wadon kuwi. Wong wadon kuwi mesem weruh polahku sing anggepane lucu karo mangsuli maneh “ Kadosipun Pak Wimana boten badhe tindak sekolah dinten menika “. “ Wonten napa nggih Mbak? Kala wau kula didhawuhi nengga teng ngriki kalih Pak Satpam” pitakonku bingung karo isih kober mandeng jeneng ning dadane wong wadon sing kewaca “ PUSPAKA ”. “ Pamanggih kula piyambakipun pikantuk alangan “ wangsulane katon mikir. Aku uga melu mikir krungu wong wadon sing duwe jeneng Puspaka mau ngomong kaya mangkono, kaya-kaya dheweke ngerti banget sing lagi diadhepi Pak Wimana.
“ Tet...tet...tet..!!!” bel sekolah muni ping telu nandhakake wektune ganti pelajaran. “ Nggih pun Mas, kula wonten kelas jam sakmenika, nuwun sewu kula mucal rumiyin “ Wong wadon kuwi kesusu-susu anggone pamit. Dak rasake ana sing ganjil anggonku nyawang wong wadon mau, bisa-bisane mbedhe yen Pak Wimana ana alangan dadi ora bisa tindak sekolah, apa wong wadon mau kuwi sedulure, wis embuh aku ora ngerti, mbokmenawa cah wadon ayu mau nembe ditelpun Pak Wimana, dadine ngerti kepriye kahanane Pak Wimana saiki. Krungu kabar kuwi aku uga enggal arep bali, amarga sing tak enteni ora bisa rawuh.
Aku nuli menyang parkiran arep jupuk motorku. Durung tekan anggonku mlaku ning parkiran, saka kadohan Pak Kus mlayu-mlayu ngundang jenengku. Aku sing krasa jenenge diundang enggal nyedhaki Pak Kus. “ Nuwun sewu Pak! Kula nylonong mawon badhe wangsul, dereng matur  bapak rumiyin “ omonganku karo Pak Kus sing isih nata ambegane. “ Ora apa-apa, Lho....kowe ki apa wis ketemu Pak Kepala Sekolah, kok enggal-enggal mulih? “pitakone Pak Kus marang aku. “ Dereng Pak, kula wau diparingi priksa kaliyan Bu Puspaka, dene Pak Kepala Sekolah boten badhe tindak sekolahan amargi wonten alangan “ wangsulanku sing isih adeg-adegan ning cedak parkiran. “ Alangan apa ya ? kok aku ya ora dikabari, biasane aku sing ndhisik dhewe dikabari, Bu Puspaka ki sapa? Kayane guru kene ora ana sing jenenge Puspaka” Wangsulane Pak Kus delengke raiku sing ketok bingung. Ora suwe anggonku padha meneng mikir, Hp ne Pak Kus muni. Piyambake enggal jawab telpun mau, ning piyambake meneng suwe malah rupane kaya wong kaget, sak teruse mung jawab Kapan...Nggih...Nggih. Aku sing ngadheg ning jejere mung bisa meneng karo bingung delengake Pak Kus sing patrape ora kaya biasane. “ Le, aku iki nembe oleh kabar saka garwane Pak Kepala sekolah, jare mobil sing ditumpaki Pak Kepala Sekolah saka Semarang kecelakaan, kecelakaane isih seprapat jam mau, iki aku didhawuhi nusul menyang Semarang arep methuk Pak Wimana ning rumah sakit “ ature Pak Kus ndelengke aku kaya-kaya pengin ngerti kenapa aku mau bisa wangsulan sing jumbuh karo kedadeyan kuwi. Aku sing ora ngerti apa-apa mung ketok bingung, ora bisa ngekei wangsulan maneh.
Seminggu sak wise kedadeyan, aku wiwitan mulang ning sekolah kuwi. Sekolahan tetep ketok tintrim kaya ora ana kedadeyan sing marai geger, tapi sak nyatane guru-guru padha geger mahanani kedadeyan sing ora kaya biasane. Crita sing aku ngerti saka Pak Kus, Kepala Sekolah sing njabat ning sekolah kuwi wis bola-bali ganti. Gonta-gantine kepala sekolah ning sekolahan kuwi amarga ana wae kedadeyan kang marakake kepala-kepala sekolah mau oleh cilaka. Wiwit taun 2006, kedadeyan kuwi wis mulai dadi omongan ning SMA kono, ana sing ngomong sekolah kuwi ana dhemite, tapi neng endi lan wujude kaya apa ora ana sing ngerti. Crita iku uga mung dadi kabar kabur sing sapa wae ora ngerteni banget, saya suwe uga dilalikake sakdurunge kedadeyan sing anyar kelakon maneh.
Awan kuwi panase sumelet nang kulit, kaya-kaya nandake yen jam semono wong-wong digiring supaya  ngaso anggone padha nyambut gawe. Aku mlaku tumuju kantin sekolah sakwise mulang seni patung ning kelas XI. Aku wis krasa ngelih banget amarga mau isuk durung kober sarapan. Nalika aku ngliwati pendhopo kang biasane dianggo siswa sekolah kono gladhen tari, aku weruh wong wadon kang winginane ngandhani aku bab kabar alangane Pak Wimana. Wong wadon kuwi lagi jagong dewean nanging patrape kaya wong lagi omong-omongan. Aku ngadeg ngulatke wong wadon kuwi kanthi rasa wedi nanging kepengin ngerti apa sing sakjane diomongke. Ora sadhar anggonku sing ngulatke konangan wong wadon mau kanthi mata mlirik nyawang raiku. Aku sing disawang dadi gragapan amarga konangan lagi ndelengke, lan aku mung manthuk mesem kanggo ngilangi rasa isinku. Wong wadon mau uga manthuk karo aku nanging ora mbales esemanku, malah dheweke ketok kaya rai jengkel ngongkon aku enggal sumingkir saka papan kono.
Aku uga enggal lunga, sikilku sing maune arep dak lewatke dalan tumuju kantin dadi tak enggoke  menyang kamar mandhi. Aku menyang kamar mandhi orane krasa kepengin pipis, nangging supaya aku ora nglewati ngarep pendhopo maneh. Saiki pikiranku sing kebak pitakon gedhe sapa wong wadon kae lan lagi apa neng kana omong-omongan dhewe. Pancen wiwitan kepethuk wong wadon mau, ana wae kedadeyan ganjil kang marakake aku dadi bingung. Tak pikir-pikir aku iki bodho, kenapa mau ora tak cedhaki wong wadon mau, tapi sapa wae sing arep nyedhaki krasa ora kepenak amarga plirikane wong wadon mau katon medeni, persis kaya plirikane bintang film horor Suzana. “ Mas Harsuna ! “ pitakone wong karo nepuk pundhakku. Aku kaget dene nembe wae ngalamun ana sing nepuk saka buri. Jebul sing ngundang jenengku kuwi Pak Jetayu, wong mburi sing wis 15 taun luwih kerjo neng SMA kono. “ Nggih Pak “ wangsulanku karo mesem ngulatke raine Pak Jetayu sing pancen katon wicaksana, dadi ngadhemke pikiranku sing lagi kebak pitakon. “ Panjenengan taksih menapa kok sajake ngalamun kemawon, ngalamun ampun wonten kamar mandhi mas, mangke ndak kesambet dhemit kamar mandhi lho ! “ pitakone Pak Jetayu maneh karo ngguyoni aku. Aku sing diguyoni kaya ngono dadi isin. Aku kelingan Pak Jetayu klebu suwe nyambut gawe ning sekolahan iki, sapa ngerti dheweke kenal karo wong wadon sing mau tak temoni “ Pak napa panjenengan ngertos guru ingkang naminipun Puspaka? “ pitakonku kepengin ngerti, “ Oh...menika to..isi ngalamune panjenengan wau, walah jebul panjenengan gadhah rasa tresna napa kaliyan Bu Puspaka ? “ wangsulane isih ngguyoni aku. “ Boten Pak! Kula namung pengen mangertos Bu Puspaka menika mucal napa nggih? Kula kala wingi nyuwun pirsa kaliyan Pak Kus, boten wonten guru mriki ingkang asmane Bu Puspaka “ Pitakonku maneh. “ Boten sisah dipikir mas, Ingkang wonten dereng tamtu wonten, kewalikanipun ingkang dereng tamtu wonten malah wonten “ wangsulane Pak Jetayu karo ngguyu. “ Maksudipun napa nggih Pak ? “ pitakonku marang Pak Jetayu kang isih ajeg ngguyu, “ Pun Mas mboten sisah dipikir...menika wau namung guyonan, nuwun sewu kula pamit dhateng taman rumiyin badhe ngresiki ron-ron an garing ingkang ngregeti ngandhap pendhopo“ Pamite pak Jetayu sinambi mesem. “ Mangga Pak!” wangsulanku. Atiku iki wis rada ayem, dene aku wis ngerti pancen ana guru ning sekolahan kuwi kang jenenge Puspaka. Saka papan mau, aku enggal lunga tumuju kantin, neruske maneh kebutuhane wetengku sing kepengin diisi.
Ing njero kantin, aku kepethuk maneh karo Pak Jetayu. Pak Jetayu isih dhahar soto. Weruh piyambake lagi dhewean, aku enggal nyedhaki. “ Pak, ngendikane wau badhe ngresiki taman caket pendhopo ? “ pitakonku karo nyruput teh anget. “ Napa nggih to ? kula boten pikantuk tugas ngresiki taman mrika, sing pikantuk tugas dinten menika Amri “ wangsulane Pak Jetayu. “ Lho, wau kula ketemu kaliyan bapak wonten kamar mandi, nggih ta ? “ pitakonku maneh “ Boten Mas, kula wiwit wau wonten teng ngriki “ wangsulane Pak Jetayu. Aku sing krungu wangsulane mau dadi mrinding, terus sapa sing mau ngajak aku omong-omongan yen pancen wiwit mau Pak Jetayu ana ning kantin?
Pendhopo sing mau dak lewati sepi, saiki ketok rame. Sakwise aku saka kantin, dak niati mlaku nglewati pendhopo. Aku lewat kana supaya bisa ketemu maneh karo wong wadon kang jenenge Puspaka. Saka adoh wis krungu suara tembang jawa kang ngalun-alun, uga wis ketok bocah-bocah lagi padha gladhen tari ning pendhopo. Aku uga weruh wong wadon sing jenenge Puspaka lagi marai bocah-bocah nari. Jogedane pancen endah,  luwes tur ketambahan ayune, ora luput yen uwong seneng nyawang dheweke angger liwat pendhopo. Weruh aku sing kawit mau ndeloke dheweke nari, wong wadon kuwi nyedhaki aku. Dheweke takon jenengku uga sakwalike aku takon jenenge kenya kuwi. “ Nama kula Manik Retna, Mas “ wangsulane kanthi alus. Aku sing krungu jeneng mau dadi kaget, dene beda karo jeneng kang dak waca saka tulisan ing dhuwur dadane kenya sing ngandhani aku bab alangane Pak Wimana. “ Napa panjenengan sanes bu Puspaka? “. Kenya kang ngaku jeneng Manik Retna mau rupane dadi beda, bathuke njengkerut kaya gumun ngrukoke pitakonku. “ Panjenengan wonten sesambungan napa kaliyan Mbak Puspaka ? “ pitakone karo nyedhak panggonku njagong. “ Kala wingi setu, kula kalih panjenengan sampun nate ketemu, napa panjenengan kesupen ? “ wangsulanku sinambi ganti takon. Wong wadon mau meneng wae nanging tansah ndelengke mataku. Aku sing dipandeng suwe-suwe krasa risi dhewe, nanging saka pandengane aku ngrasake ana samubarang kang tansah dipikir jero karo wong wadon mau. “ Mba? Mba Retna? “ aku ngundang bola-bali jenenge wong wadon kuwi, nanging kaya-kaya dheweke ora nggagas apa sing dak ucapke. “ Mba Retna? “ aku ngundang sepisan maneh. “ Oh...nggih mas, wonten napa? “ wangsulane gragapan. “ Mbak Retna napa tepang kaliyan Puspaka? “pitakonku kepengin ngerti. “  Tepang sanget, menika kembaran kula, naminipun Puspaka Manik“. Sakwise dheweke ngomong kuwi, wong wadon mau enggal lunga saka jejerku. Dheweke melu murid-muride sing padha nari, kadhang kala mandheg lan benerake jogedane muride sing salah, nanging matane tansah ngulatke aku. Aku sing rumangsa didelengke saya suwe krasa ora kepenak. Saknalika aku enggal lunga saka papan kono, nanging sakjane pitakonku ning jero ati durung oleh wangsulan kang maremake.
Wengi kuwi, aku oleh tugas lembur jaga para siswa kang lagi melu LDK ing sekolahan. Aku tugas ora mung dhewean nanging dikancani Pak Satpam lan Pak Kus, nanging watara jam sewelas,piyambake pamit kondur amarga ngancani garwane sing ning omah dhewean. Aku ndelengke jam sing cumanthel ning tembok ruang satpam nudhuhake yen wis jam siji isuk, nanging aku isih melek kaya-kaya ora bisa turu amarga tansah mikirake kedadeyan wanita kang jenenge Puspaka utawa Retna. Wewayangane kaya tansah ngleleda panduluku ora gampang dikipatake. “ Pak! Pak! Wonten sing kesurupan pak! “ Nembe wae aku ngalamunke wong wadon mau, ana muridku sing bengok-bengok. Aku sing isih melek enggal gugah Pak Satpam kang lagi enak-enak turu. Aku lan Pak Satpam enggal-enggal mlayu tumuju pendhopo, amarga panggonan kuwi sing digawe acara LDK. Pangrasaku saka mburi ana akeh wong kang regudugan melu mlayu lan sak banjure nabrak sakiwa tengenku, kahanan mau dadi peteng ndedet lan aku dadi lemes, mung keprungu gendhing durma ngalun-alun saka adoh.
Sirahku dak cekeli amarga ngrasake mumet. Aku nembe wae sadhar wis ana satengahing pendhopo. Ning kono aku mahanani kahanan kang marai aku merinding, amarga sakiwa tengenku akeh wong wadon ayu kang macak kaya penari ronggeng pada njoged kairing gamelan. Gunggunging mau ana wolu, dene salah sijine penari kuwi kaya rupane wong wadon kang jenenge Puspaka. Wong wadon mau njoged nyedaki aku karo ngulungi slendhang warna abang. Aku sing nalika kuwi lagi bingung mung manut wae. Dene sakwise slendhang kuwi semampir ning guluku, aku melu kegawa gamelan kang ngalun-alun. Aku melu njoged karo mandengi rupane wong wadon kuwi kang katon ayu. Nanging saya suwe tak pandeng, rupane dadi medheni, rambute rewo-rewo. Saknalika slendhang mau kang ginubet ning gulu dadi njiret guluku. Aku glagepan nanging ora bisa jaluk tulung sapa-sapa, awakku mulai lemes lan sakteruse wis ora kelingan apa-apa. Mung wae aku isih ngrasakake tangan kang adem nyekeli awakku lan mung eseme sing ora bisa dak lalike yoiku Puspaka.
Isuk-isuk aku wis dirubung wong akeh, salah sijine wong wadon sing jenenge Puspaka utawa Retna. Jebule mau bengi aku turu ana sak ngisore wit ketepang kang cedhak pendhopo, dene sak nyatane mau bengi kuwi mung dianggep pangimpen karo wong-wong sing mau bengi weruh aku mlayu-mlayu nyedhaki wit ketepeng. Dene pangrasaku iku kedadeyan saknyatane. Sing percaya marang aku mung Puspaka sing sakbenere jenenge Manik Retna. Manik Retna kuwi kang duwe kembaran sing jenenge Puspaka Manik, wong wadon kang ngandhani aku bab alangane Pak Wimana, nanging wis patang taun piyambake seda. Sing gumunke maneh , saknyatane sing mau bengi nulungi aku kuwi si Puspaka, dene sing gawa aku ning alam lelembut kuwi dhemit kang tunggu ing wit ketepeng lan pendhopo. Dhemit mau seneng memba-memba dadi wong wadon kang jenenge Puspaka, nanging uga kadhang kala memba-memba Pak Jetayu. Sak jane dhemit kuwi ngganggu mung arep jaluk syarat supaya pendhopo lan wit ketepeng mau diwenehi sajen saben jumuwah kliwon. Tradisi kaya mangkono sakjane wis dadi kebiasaan ning SMA kono, nanging wiwit taun 2006 tradisi sajen kuwi wis ora digatekake maneh. Tradisi kuwi ra digatekake maneh amarga uwong-uwong wis ora percaya maneh karo bab-bab sing klenik kaya mangkono, salah sijine Puspaka kang wis tau dadi korban. Taun 2006 Puspaka isih dadi siswa ning SMA kuwi, dheweke pinter joged apa maneh ayu. Senajan ketrampilan kuwi, Puspaka bisa komunikasi karo makhluk gaib. Nanging saking cedhake karo dhemit-dhemit ning sekolahan kono, awake Puspaka dadi raga sing kerep disurupi nganti tekan patine. Nalika urip, Puspaka nganti belan-belani supaya tradisi kuwi digatekake maneh, nanging malah Puspaka dianggep sirik ora ngerti tatanan agama. Aku sing saknyatane ngalami dhewe dadi percaya dene bab sing kaya ngono pancen ana. Kadhang kala wong modern wis ora percaya bab sing klenik kaya mangkono, nanging saiki aku isih bisa percaya yen ana alam liya kang tansah urip bareng karo manungsa.
Sakwise kedadeyan kuwi aku matur karo Pak Kus bab kedadeyan kuwi. Piyambake bisa ngerti lan mbiwarakake marang wong-wong buri supaya gawe sesajen. Saiki tradisi sajen dianakake maneh nanging uga ditambah donga-donga. Awit kuwi ora ana maneh kedadeyan kang marai cilaka. Sekolah iku bali tentrem dadi panggonan kang penak kanggo sinau.


NgUri-Uri Kabudayan Jawi

GEGURITAN
HANASTU

Sepi keanggit saya sepa
kang jeneng kidung tanpa jumengglung
Ati uwal saka tentreming swara...
Swara kang bakal gawe kekidhung....
Iki asma Sepi adoh mring santika...
Sinerat ing garising asta...
Yen urip ora mung dhahar lan guling...
Kedah hanastu....
Eling Gusti ingkang tumitah sabda...
Krungu ing swanten-Ipun  saka rohing jiwa
Tapa kang utama saka awak mami...
Lan ora lali srawung sakiwa tengen nira

Ngayogyakarta,10 februari 2010
Dening : ViNcentia Rosana






Leres, Laras,Lurus

Dak ungak marga sisih kiwa...
Lamun gampang lan nyenengake...
Kabeh pada nggeguyu...
Kabeh pada nyenyawang...

Dak ungak marga sisih tengen...
Lamun nggrunjal pinuju nur kinclong-kinclong...
Kabeh pada sujud...
Kabeh padha minulya Asma-Ne..
Mung tangis syukur saka mripat...

Endi kang  jumbuh mrih ati q
Sih kiwa ...sih tengen..ora ngerti ?
Nyata urip ora mung putih uga ora lali ireng..
Gumantung pribadi, pinuju marga leres,laras lan lurus..
Mung pitakonku...Endi dalan-Mu ?

Ngayogyakarta,12 februari 2010
Dening : Vincentia Rosana
                                                                     Mampir             

Iki mung sedhela
Mampir ya..mung ngombe lan mangan..
Muga  aja keblinger...
Kudu eling mrih wektumu...

Sawijining cariyos tumraping wektu
Di anggo ngaso keparing kanugrahan...
Lamun ta sira eling...
Ora salawase....
Yen wus sumurup bagaskara
Sasmita enteking wanci...
Enggala....Pamitmu kang ditungu....

Ngayogyakarta,23 maret 2010
Dening : Vincentia Rosana









Karikatur UcR'Oen Is the Best


                                           karikatur buat kado Ultah Pernikahan Papi n Mami


karikatur buat hadiah Pernikahan


karikatur untuk hadiah Pacar tercinta


                                                                Karikatur tema Profesi
lukis hitam putih C!nta

Kekasih kita bentar lagi ulang tahun, Ortu sebulan lagi Ultah Pernikahan N temen minta dicariin kado istimewa buat dosen pembimbing skripsinya. Aduh jadi bingung mau ngado apa???? Bunga udah biasa, boneka dah basi, coklat ihhh bukan hari valentine, accecoris kemahalan........akhirnya daripada mumet2 mau kasih kado apa, aku pesan disini....ga perlu ribet ga perlu mumet buat cari kado....kualitas jaminan harga menguntungkan....

jika berminat hubungi Mr. Zoekron Zaky....har Ga Rp 70.000,00 .....

Jumat, 26 November 2010

KAOS KARIKATUR MOE


kaos couple Karikaur Moe


kaos couple ekspresi cinta Karikatur Moe


 Kaos karikatur Moe bertema


Karikatur Kaos




Kaos Karikaturmu dapat mewujudkan ekspresimu dalam sebuah kaos. Indah n' ga ada yang nyamain, kaosmu ya gayamu....


Harga Kaos KarikaturMoe


 desain biasa Rp. 75.000 (gambar satu kepala, jika lebih dari satu perkepalanya dikenakan Rp. 20.000).
- untuk kaos warna selain putih harga tambah Rp. 15.000.
- untuk ukuran kaos XL tambahan harga Rp. 10.000.
- untuk kaos lengan panjang tambahan harga Rp. 5.000
- klo gambar asli ingin di rubah atau di bikin karikatur..dll. tambahan harga Rp. 20.000.

jika berminat lgsg pesen hub 085643282064