LUKIS KARIKATUR MOE

Rabu, 29 Desember 2010

ANEKDOT

NGAKU-AKU SKUTER MATIC ABANG
Aku klebu wong kang ora titen marang samubarang kang nembe wae tak enggo. Kaya dene kedadean setaun kepungkur kang njalari isin kanggo aku, nanging tansah dadi cerita kang lucu nalika kedadeyan iku dak critakake marang kanca-kancaku. Nalika semono wis mlaku rong taun anggonku kuliah ing Ngayogyakarta, nanging aku isih durung duwe motor. Menawa ana urusan ing papan sing rada adoh, aku tansah golek jilihan motor marang kancaku.
Nalika semono, aku butuh banget motor kanggo tuku kertas. Kertas sing dak tuku arep kanggo garap tugas lan dikumpulake dina iki. Biasane, aku jilih motor marang mbak kos ku sing jenenge mba Galuh, nanging wektu iku mba Galuh lagi ora ana ing kos. Kapeksa aku jilih golekan marang kanca liyane. Nalika kuwi motor sing lagi ngganggur yoiku motore kancaku sing jenenge Ana.  Motore Ana jenise skuter matic kang wernane abang.
Sawise aku jilih motor marang Ana, aku enggal lunga menyang KOPMA. Tekan KOPMA, aku enggal mlebu lan tuku kertas. Sawise oleh barange, aku kesusu anggone arep bali, lan langsung menyang parkiran jupuk motor. Aku jupuk motor skuter matic kang wernane abang, tak tunggangi lan tak leboke kunci motore, nanging ora mlebu-mlebu. Sanalika ana sing neplak pundhak ku lan ngomong “ Mba, niki motor kula!”. Krungu ukara mau kringetku gemrobyos. Jebul motor sing dak tumpaki dudu motore kancaku, nanging wujude padha skuter matic kang werna lan merk e padha. Ing papan kono akeh wong kang mandeng aku, uga ana Pak Satpam kang plirak-plirik mbokmenawa aku diarani maling motor.
Rumangsa salah enggal-enggal aku menyat saka dhuwur motor lan njaluk ngapura marang Mbak-Mbak sing motore dak aku-aku. Ora nyana jebul motore kancaku dak parkir sacedhake motor kuwi. Amarga kurang konsentrasi, dadine aku ora kober niteni nomer motore. Kedadeyan iku tansah dak eling-eling tekan saiki, lan dadi cerita kang bakal nggeguyukake yen dirungokake karo wong liya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar