LUKIS KARIKATUR MOE

Jumat, 24 Desember 2010

PUPUR LARANG SAKA JEPANG




Thenguk-thenguk, Tuminah lungguh ing lincak cedhak pawon. Wis watara jam sepuluh isuk, dheweke isih methuthuk ing lincak kuwi tanpa cekel gawe apa-apa. Adate jam semono kuwi, Tuminah mesthi lagi olah-olah masak ing pawon, nyapu utawa malah nyusul bojone menyang sawah. Menawa nganggur, Tuminah trima lungguh ing lincak lan gaweni barang-barang kerajinan kayata gawe kristik, gawe besek lan gawe klasa. Wong sakdesa mesthi wae ngerti dene Tuminah kuwi kagolong wanita kang sregep. Senajan sregep nyambut gawe ning omah, Tuminah uga melu sakabehe organisasi ing ndesane, kayata PKK, kumpulan ibu-ibu pengajian, pengurus koperasi lan liyan-liyane. Mulane Tuminah trampil anggone gaweni barang-barang kerajinan, amarga sinau bareng ibu-ibu liyane ing organisasi mau. Nanging esuk kuwi ora kaya adate, Tuminah mung lungguh meneng bae kaya reca ing candi boko, matane kethap-kethip ndelengke pitik-pitik sing lagi ngeker-eker pakan sega, bathuke njengkerut kaya ana sing lagi dipikirke nemen. Bojone sing nembe bae bali saka sawah weruh kahanan kuwi mung bisa gedheg-gedheng, ngrasake bojone sing wis rong dina iki kaya wong ketempelan dhemit, meneng bae kaya kelangan daya.
Bojone Tuminah kang jenenge Tumino, klebu wong lanang kang sabar. Kahanan mau ora njalari dheweke nesu, malah weruh kahanan kaya mau njalari rasa melas ing batine Tumino. Rasa melas kang thukul  ing batin kuwi, amarga dhewekke rumangsa ora bisa nyukupi kabeh sing dikarepake bojone. Sakjane Tuminah dudu wanita kang seneng jaluk werna-werna marang bojo, dheweke ngerti sepira dayane bojone prakara dhuwit.  Prakara iki mau ora mung ngaboti karep bisa nyukupi utawa dicukupi, nanging karepe ati ora ana sing bisa ngerti kayadene Tuminah sing duweni ati kuwi.
 Sak wise ngglethake piranti sing kanggo tetanen, Tumino lunga menyang kamar mandi ngresiki awake sing reged kene lendhut. Ing kulah mau, Tumina isih kober mikirke kahanane bojone sing rong dina iki ora kaya adate. Batine krasa kaosik dening kahanan bojone amarga prakara sing sepele, nanging prakara sing sepele kuwi tetep ora bisa digayuh dening Tumino. Metu saka kulah, Tumino isih nglangutke pikirane mau, sinambi ngelus wetenge sing krasa luwe. Kanggo ngeneng-eneng wetenge Tumino enggal tumuju meja makan lan bukak tutup saji kang nutupi seprapate meja, jebul meja mau mung isi angin, tandhane Tuminah ora masak. Kanthi rasa sabar dheweke menyang pawon, goleki ketel sing sok dinggo masak sego, padha dene mung isi banyu tanpa beras. Kanthi rasa kuciwa, Tumina lungguh nyedhaki bojone sing isih ajeg lungguh karo ndelengke pitik-pitik kang ngeker-eker pakan.
“ Kowe ora masak, Tum ? “ pitakone Tumino karo mapake bokonge ing lincak. Tuminah sing awit mau ngalamun, kaget krungu pitakone Tumino sing ujug-ujug ana ning jejere. “ Eh...Kang Tumino wis bali ta, kok gasik baget le kondur saka sawah ? Apa wis rampungan ? “ wangsulane Tuminah grarapan. Tumino sing krungu wangsulane Tuminah mung bisa guyu. Tuminah sing rumangsa digeguyu mung meneng wae krasa isin. Weruh rupane bojone sing kisinan, Tumino enggal wangsulan maneh “ Tum, aku ki wis bali kawit mau, apa kowe ra krungu suara banyu kulah ? aku ya wis kluthak-kluthak ning dapur, apa kowe uga ra krungu ? “. Tuminah mung dolanan jenthik uthak-uthik rumangsa isin. “ Aja banget-banget anggonmu mikirke prakara kuwi, prakara sepele nanging njalari kowe lali marang kuwajibanmu “ Tumino ngandhani bojone karo ngelus rambute Tuminah sing ngandan-andhan. Tuminah sing dikandhani dadi kelingan wiwitane dheweke dadi kaya mangkono.
Telung dina kepungkur, Tuminah melu kumpulan ibu-ibu PKK ning kecamatan. Saka desane mung diwakili Tuminah lan Bu Lurah. Tuminah klebu wong kanggo ning desane, pinter, sregep lan trampil, mulane Bu Lurah  tansah ngajak Tuminah yen ana pakumpulan kaya mangkono. Acara mau uga nekakake pembicara saka Jakarta, anggota DPR RI sing jare ne mantan putri kecantikan. Ing sajroning acara, Tuminah tansah gumun weruh wujude pembicara sing lagi nerangke babagan emansipasi wanita. Senajan pembicara kuwi ayu, pakulitane uga putih resik kaya ora ana regedan kang ngalang-ngalangi. Paribasan semut mlaku ning dhuwur kulite bisa padha kepleset amarga saking aluse. Maklum yen Tuminah dadi gumun, mergane yen ning desa sing ditemoni mung Yu Sarinem bakul salak, Yu Parti bakul gedhang, lan Yu Ginem tukang angon wedhus sing pakulitane padha gosong lan kasar amarga kerep kena sorot srengenge. Nalika pembicara mau lagi cas cis cus nerangake nganggo basa inggris, Tuminah malah umyek dhewe takon marang Bu Lurah
“ Bu, nika ngangge pupur napa nggih ? kok saged dados putih mulus kados menika ? “. Bu Lurah sing krungu pitakone Tuminah dadi guyu.
“ Kae ki nganggo pupur jepang Tum, mulane bisa dadi putih-putih”.
“ Napa, nggih bu? “
“ iya, kae nganggo pupur jepang, pupur kang impor kuwi hasile luwih apik, bisa nutupi bolong-bolongan ning rai, uga bisa nutupi ireng-ireng ning rai, dadi rai sing maune kasar dadi alus, sing maune elek dadi ayu “. Wangsulane Bu Lurah karo isih mesam-mesem delokake rupane Tuminem sing isih plonga-plongo.
Bubar bali saka pakumpulan mau, Tuminah nyritakake bab pupur jepang kuwi marang kanca-kancane, kayata Yu Sarinem, Yu Parti lan Yu Ginem. Sing diceritani mung bisa paring wangsulan sing werna-werna, marai Tuminah anggone mikir bab pupur jepang nganti jero.
“ Pupur jepang kuwi jarene bu Lurah luwih apik tinimbang pupur liyane , jare bisa nutupi rai kang bolong-bolong bekas kukul lan nutupi ireng-ireng amarga tuwanen” andharane Tuminah marang kanca-kancane sing lagi pada racik-racik bantu gawe ning daleme Mbah Marmo sing lg duwe gawe mantu.
  Apa iya ? ateges wedakku sing gawean bandung kae klebu ora apik yen tak nggo ning kulit ya ? pupure ya gampang ilang “ pitakone Yu Sarinem
“ halah, rasah neka-neka dhasar kulit ireng yo ireng, arep diwedhaki kandele nganti limang centi tetep ketok ireng “ wangsulane Yu Ginem
“ kuwi rak kowe Nem, sing rumangsa kulite ireng, mulane pendhak kondangan ora mung trima wedhakan limang centi, malah sepuluh centi ya ana “ candhake Yu Parti karo guya-guyu.
Krungu tetembungan sing kaya mau, padha guyu kemekelen. Pancen dasare wong ndesa ora neka-neka, pupur mung dinggo yen arep padha kondangan. Saben dinane yo lugu ora nganggo pupur werna-werna. Dadi samubarang sing ana gandheng cenenge karo piranti dandan kayata pupur mung wujud barang sing adoh saka mek-mekkane wong ndesa.
Tuminah tansah gawa pikiran bab pupur jepang tekan omah. Patrape dadi ora kaya biasane, malah kebangeten anggone lali marang kuwajibane dadi bojo. Sing lanang dadi ora kopen, omah uga dadi ra karuan, jebul mung sepele prakara pupur.
“ Tum, kok malah ngalamun meneh to? Apa kowe isih mikirke bab pupur jepang ? “ pitakone Tumino mbuyarke pikirane Tuminah sing lagi ngrambayang tekan endi-endi.
“ iya kang….sakjane pupur jepang sing dingendikake Bu Lurah kuwi bener apa ora ? “ pitakone Tuminah delengake raine bojone.
“ Tak pikir bab kaya mangkono dudu prakara sing kudu kowe pikir Tum, awak dhewe iki wong ndeso, wong cilik sing duwe kebutuhan luwih wigati tinimbang pupur sing regane larang, apa maneh pupur impor “
“ Tapi Kang, kenapa wong-wong kaya pembicara sing wingi teka ning pakumpulan PKK kudu nganggo kaya ngono kuwi ? “ pitakone Tuminah maneh.
  Sapa sing ngudukake ? ora ana sing ngudukake wong-wong kaya mangkono nganggo pupur, kuwi rak karepe dhewe supaya ketok menarik yen dideleng wong liya, jalaran uripe wong-wong mau gumantung karo wong liya yoiki wong-wong kaya awake dhewe iki Tum, mugakna dhewekke ngganggo pupur larang supaya awakdhewe kepilut “
“ Yen aku nganggo pupur jepang piye ya, Kang ? “
“ Tum…tum…nggo apa kowe nganggo pupur kaya mangkono, apa sing kudu kok tutupi? Beda karo wong-wong sing ning dhuwur kana, mesthi akeh sing kudu ditutupi, yen kowe cukup kaya ngono wae, ora perlu nganggo pupur jepang, wis marai aku kesengsem “
Krungu wangsulane bojone sing sajak ngrayu marai Tuminah mesam-mesem. Jebul ora ana gunane dheweke mikirke bab-bab kaya mangkono, dene dhewekke duwe jejibahan sing luwih wigati tinimbang prakara pupur. Bubar omong-omongan mau, Tuminah ngaras pipine bojone, dheweke rumangsa matur nuwun banget dene bojone gelem nrima dhewekke apa anane. Ora prelu nganggo pupur jepang sing regane larang, cukup nglakoni jejibahan dadi bojo kanthi iklas, tamtu bojone tetep tresna marang Tuminah. Eling karo kuwajibane dadi wong wedok, Tuminah enggal menyang dhapur lan masakke kanggo bojo lan anak-anakke.
Ngayogyakarta, 23 Desember 2010
Dening : Vincentia Rosana S.S

Tidak ada komentar:

Posting Komentar