LUKIS KARIKATUR MOE

Rabu, 29 Desember 2010

autobiografi

AUTOBIOGRAFI

§    MIYOS ING JAGAD
Anggara manis tanggal 18 Januari 1990 rikala sonten gingsir ing wengi, bapak, simbah lan kangmas kula ingkang taksih alit nengga ing teras dalemipun ibu bidan Sri.  Bapak wira-wiri kados penggalihipun boten jenak nenggani. Simbah tansah nyepengi rosario lan tutukipun komat-kamit dedonga, dene kangmas kula ngintap-ngintip kaca ruangan ingkang ketutup korden biru. Ing salebeting ruang ingkang katutup korden biru menika Ibu Bidan Sri tansah ngupaya mbiyantu lairipun putra nomer kalih Ibu Helena Lastri. Sampun setunggal jam, putra ingkang dipuntengga-tengga dereng lair. Wonten raos kuatir ing saklebeting manah Ibu Lastri ingkang sampun telas dayanipun, namung  panjenenganipun tansah madhep manteb nglairaken putra nomer kalih ingkang dipuntresnani. Watara jam sanga wengi, tangis bayi keprungu dumugi njawi ruang bersalin. Tangis bayi wau ngedhemaken manah bapak ingkang kirang langkung setunggal jam anggenipun nenggani babaranipun ibu. Boten suwe, Ibu Bidan medal saking ruang bersalin. Sanalika bapak  didhawuhi mlebet, dene kangmas kula sampun langkung rumiyin mlebet mirsani ibu lan bayi ingkang nembe lair. Bayi menika inggih kula piyambak ingkang dipunparingi nama Vincentia Rosana Sri Susanti. Klairanipun kula nambah bungahing manah kluwarga lan tansah dipungadhang-gadhang samangke dados lare ingkang saged “ mikul dhuwur mendhem jero “ dhumateng tiyang sepuh.
§    CARIYOS ALIT ING BANGKU TAMAN KANAK-KANAK
Yuswanipun kula nalika mlebet TK inggih gangsal setengah taun. Kula sekolah wonten ing TK Bayangkari Purworejo. Ing bangku TK, kula klebet lare ingkang anteng boten kathah polah kados kanca-kancanipun. Namung senajan klebet lare ingkang boten aktif, Bu Guru tansah mangertos bilih kula kagungan bakat ingkang tansah prelu dipungladhi. Kula tansah dipundherekkaken lomba-lomba ingkang magepokan kaliyan bidang seni kadosta gambar, nyanyi, drumband lan sanesipun. Nalika umur semanten kula sampun nyelengi penghargaan juara tiga lomba nyanyi tingkat kabupaten kangge lare-lare TK.
Ibu Guru TK tansah ngladhi bakat nyanyi kula supados kulina tampil ing ngajenging tiyang kathah, saengga menawi wonten acara-acara ing TK, kula dipundhawuhi nderek tampil nyanyi lan paring lelangengan kangge para tamu undangan. Kathah tiyang sepuh murid ingkang mirsani sami gumun dene lare TK sampun wantun nyanyi ing sangajenging tiyang kathah. Senajan namung tampil ing salebeting acara alit, penghargaan kula saking tiyang kathah ingkang sepisan sampun dados bungahing manah. Kula dipungadhang kaliyan bapak ibu samangke langkung saged ngembangaken bakat nyanyi.


§    CARIYOS ALIT ING BANGKU SD

Kula (no 2 saking kiwa) ndherek lomba nggambar ing pendhapa Kab. Purworejo
Tiga welas taun kepungkur, kula taksih sekolah ing SD Pangenrejo 1 Purworejo. Sekolah menika kalebet sekolah ingkang sae, amargi lulusanipun kathah ingkang ketampi ing SMP-SMP favorit. Enem taun anggenipun kula sekolah wonten mrika. Kathah “kenangan” ingkang sampun lumampah, lan samenika boten saged dipunlalikaken. Ing SD kula sinau sareng kaliyan kanca-kanca ingkang gadhah ketrampilan beda-beda. Kanca kula wonten ingkang trampil ing bidang IPA, bidang IPS, bidang Matematika lan sanesipun, dene kula kalebet ingkang trampil ing bidang seni lan basa. Wiwit kelas kalih, kula remen sanget damel puisi senadyan taksih lugu, namung puisi-puisi menika ajeg dipunpasang wonten ing majalah dinding. Ing kelas gangsal lan enem, kula pikantuk tugas damel drama kelas, lan nalika semanten kula ingkang pinitados damel dialogipun. Drama-drama wau dipuntampilaken wonten ing acara-acara kadosta perpisahan sekolah utawi pertemuan wali murid. Sanesipun kula nate ndherek lomba mata pelajaran bahasa wonten ing kecamatan. Senadyan kula dereng saged menang wonten ing lomba mata pelajaran menika, namung boten ngirangi remen kula kaliyan pelajaran bahasa. Pengalaman sanesipun ingkang dados bombinging manah, nalika kula nderek lomba maos puisi lan geguritan ing kecamatan. Kula pikantuk juara kalih maos geguritan, Prestasi-prestasi wau boten badhe wonten menawi kula boten tansah dibantu guru-guru pembimbing lan tiyang sepuh kula. Menika sedaya pengalaman kapisan anggenipun kula pitepangan kaliyan kegiatan ing bidang bahasa.
Ing bidhang seni, kapisanan kula pitepangan kaliyan sekar macapat. Kula ndherek lomba macapat tingkat SD, namung dereng saged menang. Ing sekolah kula uga pinitados dados penyanyi koor, ugi menawi wonten tugas damel pagelaran seni kadosta ensambel musik, gerak dan lagu. Nalika pikantuk tugas kados menika saking guru, kathah kanca-kanca ingkang rebutan badhe ndherek kelompok kula, kadhang kala kula ugi dipundhawuhi kaliyan kakak kelas ngajari damel pagelaran seni ingkang sae. Mirsani bakat-bakat kula ing sekolah, gugu-guru ngendika kaliyan tiyang sepuh kula, menawi kula menika siswa teladhan, amargi sedaya ketrampilan saged mumpuni. Ing bidhang akademik kula saged pikantuk ranking ingkang sae, lan bidang sanesipun ugi saged damel prestasi. Sakedhik pengalaman menika ingkang njalari kula kados samenika, tansah sinau babagan ingkang magepokan kaliyan bidhang basa lan seni.

§      CARIYOS ALIT ING SEKOLAH MENENGAH PERTAMA
Kathah tiyang ingkang mastani bilih ing SMP lare-lare taksih ngalami mangsa puber. Mangsa puber kadhang kala dipuntitik lare-lare menika dados nakal, ngeyelan, ndableg lan nggugu kekajenganipun piyambak, satemah wonten ingkang mastani lare SMP menika angel dipunatur. Kula ugi sampun nglampahi dados siswa SMP ingkang sekedhik damel kalepatan, namung kalepatan wau limrahing ABG “ Anak Baru Gedhe “. Kula sekolah ing SMP N 1 Purworejo, ugi kalebet sejolah favorit nomer kalih se-Kabupaten Purworejo. Sejatosipun NEM kula saged mlebet ing SMP N 2 Purworejo ingkang langkung sae, namung nalika semanten kula nggugu kekajenganipun piyambak pados kahanan enggal ingkang boten ngepenaken kompetisi akademik kemawon. Nalika kula kelas setunggal kalebet lare ingkang pinter ing bidang akademik, nyata kula saged pikantuk ranking kalih ing semester setunggal. Sejatosipun jumlahipun biji kula sami kaliyan kanca kula ingkang ranking setunggal, namung biji kula wonten ingkang pikantuk enem. Kula pikantuk biji enem ing mata pelajaran matematika. Wiwit alit kula kangelan anggenipun sinau matematika, saengga limrah menawi ing SMP kula boten saged pikantuk biji matematika ingkang sae. Ibu kula prihatos kaliyan biji matematika kula ingkang mahanani kula boten saged dados ranking setunggal, setemah piyambakipun ngursusaken kula wonten ing kancanipun Guru Matematika, ingkang samangke tiyang menika njalari  kula gadhah gegayuhan dados guru.
Guru les matematika kula asmanipun Drs. Prabantoro, rumiyin piyambakipun lulusan UGM lan nerasaken mundhut akta empat, saengga saged mucal matematika ing SMP. Priyantunipun samadya, senadyan dados guru les ingkang kapetang laris namung boten pilih-pilih murid. Piyambakipun boten kersa dipunbayar saderengipun larenipun saged pinter. Ing salebeting mucal muridipun tansah paring wejangan-wejangan ingkang saged kula cak aken samenika. Ing penggalih lan manah kula reman sanget kaliyan caranipun Pak Toro nalika mucal kanthi wicaksana. Menapa malih ingkang ngeremake Pak Toro menika ugi dados Pranata Acara ing manten-manten, lan kalebet laris. Saking tuladhanipun Pak Toro, kula krenteg mlebet jurusan keguruan, ingkang samangke kula gadhah gegayuhan saged dados guru ingkang wicaksana kados pak Toro.
Ing SMP kula aktif ndherek organisasi ing sekolah, kadosta Bantara, Paduan suara, Karawitan, Mading (Majalah Dinding), lan PKS. Prestasi kula ing SMP inggih magepokan kaliyan bidang seni, salah setunggalipun juara setunggal macapat tingkat sekolah. Senadyan namung tingkatanipun sekolah, saged nambah pengalamanipun kula. Prestasi sanesipun rikala kula kelas kalih nderek lomba Mading. Kula sakanca kelas 2E saged menang juara setunggal damel Majalah Dinding. Wonten ing mading wau karyanipun kula kadosta cerkak lan geguritan dipunpasang kanthi endah.
Pengalaman tigang taun ing SMP, dadosaken gegambaranipun kula ing wanci samangke. Tansah remen lan sampun gadhah gegayuhan samangke dados Guru Basa, namung Basa menapa lan kados menapa dereng saged dipuntemtokaken kaliyan kula piyambak.

§      CARIYOS ALIT ING SEKOLAH MENENGAH ATAS

Kula (no 2 saking kiwa) foto perpisahan wisuda SMAN 7 Purworejo
Gangsal taun kepungkur, kula taksih lenggah wonten ing bangku SMA. Mirengaken Ibu Vita taksih ngandharaken bab kromosom lan nggambaraken wujudipun kromosom. Ing gegambaran angen-angen kula, wujudipun kromosom kadosta rentetan pita-pita ingkang dipungandheng-gandheng, namung teorinipun kothong mlompong. Kula malah remen mirsani siswa kelas Bahasa sami medal pados inspirasi ing sak ngandhaping wit Mahoni ingkang ageng. Wonten raos kangen kaliyan seratan-seratan “ imajinasi “ boten kados rumus-rumus ingkang sampun pesthi. Menika gegambaranipun kula nalika ing SMA, dipunpeksa ibu mundhut jurusan IPA, senadyan kula boten remen kaliyan jurusan menika. Kula rumangsa bilih bakatipun kula wonten ing bidang bahasa. Namung sampun kecemplung kedah kula terasaken dumugi pungkasan.
Ing SMA kula nate ndherek lomba damel cerpen ingkang temanipun pendidikan. Ing lomba menika kula pikantuk juara kalih kanthi irah-irahan cerpen “Sapu Lidi untuk Pak Sani”. Cerpen menika nyariyosaken nilai-nilai pendidikan saking sisi tiyang ing sakjawining kelas kadosta penjaga sekolah ingkang boten sekedhik manfaatipun kangge nggangsaraken KBM ing sekolah. Saderengipun kula ndherek lomba menika, kula ugi nate damel cerbung kanthi irah-irahan “ I Love Melody “ ingkang kemuat wonten ing majalah sekolah EKSPRESI. Ing taun 2007 kula mlebet dados pengurus majalah EKSPRESI bagian seksi cerpen lan puisi. Tugasipun kula dados seksi cerpen lan puisi inggih menika nyeleksi cerpen-cerpen utawi puisi ingkang badhe kemuat wonten ing majalah. Ing taun 2008 kula damel cerpen ingkang temanipun sosial kanthi irah-irahan “Potret Hidup di Sudut Jalan” ingkang isinipun nyariyosaken konflik batin polisi pamong praja.
Pelajaran ingkang kula remeni ing SMA inggih menika pelajaran bahasa. Bahasa ingkang dipun wulangaken wonten sekawan inggih menika bahasa Indonesia, bahasa Jawa, bahasa Inggris lan bahasa Jepang. Namung caranipun guru-guru bahasa wau nalika mucal taksih ngagem cara konvensional kanthi ceramah. Siswa-siswanipun tamtu boten remen dipunajar ngagge cara-cara konvensional kados menika, napa malih lare IPA. Nalika semanten ing saklebeting manah, kula krenteg samangke menawi kula dados guru bahasa, boten badhe mucal kanthi cara-cara konvensional ingkang jalari bosen para murid. Gegayuhan kula ingkang mekaten samangke badhe dados margi anggenipun kula mendhet jurusan kuliah.
§      CARIYOS ALIT ING KAMPUS UNGU UNY

Kula (no 1 tengen ngajeng piyambak) foto study banding woten UNRAM
Taun 2008 wulan September gegayuhanipun kula wiwit alit saged kagayuh kanthi pados margi kangge pangupa jiwa kula samangke. Sasampunipun kula nyobi ndherek gangsal tes ujian masuk universitas, ingkang kalebet namung ing UNY Fakultas Bahasa lan Seni Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa. Mbokbilih sampun jodhonipun kuliah wonten ing kampus ungu menika.


Mlebet Kampus Ungu boten gampang kados penggalihipun para tiyang. Kangge kula menika angel, amargi manah kula ngraosaken sampun damel manah ibu kula kuciwa. Ibu gadhah gegayuhan kula dados perawat, namung kula boten krenteg dados perawat. Namung ibu mangertos saksampunipun kula matur, dene bakat kula wonten ing bidang bahasa. Dumugi samenika kula tansah nyepengi janji kula kaliyan ibu, menawi kuliah wonten ing jurusan Basa Jawa boten kalah kaliyan jurusan keperawatan. Dumugi samenika kula taksih sinau ing kampus ungu FBS ngancik semester gangsal. Mugi-mugi setaun malih kula sampun pinisuda lan enggal saged damel bombonging manah tiyang sepuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar